Geguritan Bahasa Jawa - Pengertian, Jenis, Unsur-unsur, dan Syarat Lengkap

pengertian geguritan

Pengertian Geguritan dalam bahasa Jawa Lengkap dengan jenis, unsur, ciri, dan syarat geguritan yang baik. 

Siapa yang nggak tau puisi? Tentu semua orang tahu tentang puisi. Lalu, dalam bahasa Jawa dan kesenian jawa, apakah ada puisi? Ya! Puisi Jawa itu adalah Geguritan, dari sini kamu tahu apa itu geguritan. 

Nah, pasti kamu dikasih tugas oleh guru untuk menjawab dan tugas tentang geguritan, ya? Maka dari itu NGAMBIS bakal menjelaskan geguritan dalam bahasa jawa yang disadur dari web yang saya dapat dari sekolah.

Oke, jangan kaget ya, ini bahasa Jawa >_<

Menawi miturut Subalidinata (1994:45), geguritan inggih punika ranatamaning basa ingkang mèmper syair (syair Jawa gagrag énggal). 

Jinisipun Geguritan

1. Geguritan gagrak lawas 

Geguritan punika ngginakaken basa Jawa kina lan kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang, kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan. Geguritan punika ugi kalebet golonganipun tembang utawi lelagon kang nganggé Purwakanti guru-swara. 

Paugeranipun geguritan gagrag lawas inggih punika: 

  • a. Cacahipun gatra boten ajeg, nanging lumrahipun, sakedhikipun wonten sekawan gatra. 
  • b. Cacah wandanipun gatra satunggal lan satunggalipun tetep sami 
  • c. Dhong-dhing utawi guru lagunipun sadaya manggèn wonten wekasanipun gatra runtut inggih punika nganggé purwakanti guru swara. 
  • d. Sangajengipun ukara (gatra) ingkang kawiwitan nganggé bebuka“sun gegurit” nanging boten ateges saben pada/bait wonten tembungipun “sun gegurit”. Tembungipun “sun gegurit” namung wonten inggil piyambak. 
tuladha: 
Sun gegurit, 
Wateké wong kampung jati 
Bekti marang yayah wibi 
Setya marang sakèh janji 

2. Geguritan gagrag énggal 

Geguritan gagrag énggal ngginakaken basa Jawa jaman sapunika lan dipunserat nganggé aksara latin, lan sampun ngginakaken kertas/dluwang. Geguritan gagrag énggal boten kapérang wonten ing pupuh–pupuh tembang lan boten nganggé tembung “sun gegurit”, sampun boten kawengku guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, pramila jinising geguritan gagrag énggal punika saged dipunwastani puisi Jawa bebas.

Geguritan ingkang saé prayoginipun ngemot unsur-unsur

Geguritan yang baik memuat unsur-unsur sebagai berikut:

1. Kaéndahan 

 Kaéndahaninpun geguritan kadhapuk lumantar: 

  • a. pamilihing tembung-tembung ingkang mentes, nges, lan pantes. 
  • b. migunakaken leléwaning basa ingkang saged nuwuhaken greget lan raos ingkang kiyat 
  • c. migunakaken purwakanthi ingkang saged mimbuhi kaéndahanipun. 

2. Piwulang/Pendidikan 

Geguritan kajawi ngemot kaéndahan, ugi ngemot piwulang. Kanthi geguritan, saged suka patuladhan lan pitutur ingkang saé, sarta migunani kanggé sanguning gesang ing alam donya. 

3. Nuwuhaken raos tresna 

Geguritan prayoginipun saged nuwuhaken raos tresna ingkang migunani tumrap masyarakat, awit lumantar geguritan saged nyuntak gagasan-gagasan tumrap majengipun nusa lan bangsa. Raos tresna ingkang tuwuh inggih punika raos tresna dhateng sasaminipun manungsa, dhumateng Gusti Ingkang Kawasa lan dhateng lingkungan. 

4. Wetah 

Isining geguritan kedah wetah lan nyawiji ing antawisipun pèrangan-pèrangan unsur ing geguritan, boten saged madeg piyambak-piyambak.

Hal yang harus diperhatikan saat Membaca geguritan

a. Wicara (basa, pakecapan) 

Nalika maos geguritan pocapan kedah cetha, boten groyok, bléro utawi mangumangu. Kedah saged ngucapaken aksara kanthi leres, upaminipun mbédakaken aksara a / o; t / th; d / dh; lan sapanunggilanipun 

b. Wirama 

Iramaning tiyang maos geguritan saged minangka pandudutipun tiyang ingkang mirengaken. Sora utawi boten iramanipun kaselarasaken kaliyan isining geguritan. 

c. Wirasa 

 Wirasa katrepaken kaliyan isining geguritan, upaminipun: nesu, gumbira, susah, kejem, wibawa, getun lan sapanunggilanipun 

d. Wiraga (solah bawa, pasemon) 

Ébahing badan lan pasuryan kedah dipungatosaken, kedah luwes (boten kaku) lan sampun ngantos katingal kadamel-damel.

Supados wicara, wirama, wirasa lan wiraganipun saged saé, ingkang badhé maos kedah pados upaya amrih mangertosi tegesipun tembung-tembung ingkang kaginakaken ing geguritan wau lan mangertosi maknanipun.

Nyerat Geguritan 

Geguritan saged kawastanan puisi bebas, amargi anggènipun damel langkung mardika, boten wonten paugeran ingkang gumathok kados déné damel sekar Macapat. Sanajan ukaranipun kathah, sasaged-saged maknanipun kempel, manunggil lan runtut. Sadaya wau kanthi pangangkah amrih ingkang maos saged damel dudutan/simpulan kados déné ingkang dipunkersakaken panganggit. 

 1. Caranipun damel geguritan: 

  • a. Nemtokaken undering perkawis 
  • b. Milih irah-irahan/judul ingkang saé, saged narik kawigatosan ingkang maos 
  • c. Milih tembung ingkang saé lan mentes 
  • d. Antawisipun judhul lan téma wonten sambetipun. 
  • e. Saged migunakaken purwakanthi 
  • f. Saged migunakaken leléwaning basa/gaya Bahasa

2. Amrih saged nyerat geguritan kanthi saé, saged nindakaken lampah kados ing andhap punika: 

a. Nggladhi tanggap sasmita, inggih punika nggladhi “kepekaan dhiri” ingkang saged katindakaken kanthi remen nggatosaken kawontenan ing kanan keringipun, remen nandhingaken kawontenan, lan sapiturutipun. 

b. Nyepeng ilham, ilham ing ngriki saged dipuntegesi cahya ingkang saged nuntun angenipun ngudar gagasan. Kanthi ngeningaken cipta, remen olah rasa, titèn, opèn, tundhonipun saged panèn utawi ngundhuh ilham wau. 

c. Ngedalaken tembung ingkang sapisanan minangka tembung ingkang saged nuntun tembung-tembung salajengipun. Satembung kalawau saged kapanjangaken kanthi maringi pitakènan punapa, sinten, kados pundi, wonten pundi, wanci punapa, lan wonten pundi papanipun. Kanthi makaten satembung kalawau saged dados embrio-embrio ingkang saged kaserat sauger tasih komprehensif, koheren lan kohesif. 

d. Ngolah tembung, saged katindakaken kanthi ngroncé tembung-tembung ingkang kawedal saking ilham wau. 

e. Maringi vitamin ing tembung-tembung wau. Menawi tembung-tembung kalawau karaos dèrèng saé lan pas, saged kawimbuhan kagunan basa ingkang endah, saged awujud purwakanthi, wangsalan, èntar, pepindhan, paribasan, lan sapanunggilanipun 

f. Milihi tembung saged katindakaken kanthi menggalihaken sinten ingkang badhé maos, kados punapa ingkang dipunangen-angen, salajengipun saged nggantos tembung-tembung ingkang kirang mathis wau sadèrèngipun kabundheli utawi rampung. Kanthi makaten, kaajabsaged tuwuh geguritan ingkang prasaja nanging mentes isinipun lan narik kawigatosanipun pawongan ingkang maos.

Wosipun geguritan wonten tigang aspek ingkang kedah dipungatosaken inggih punika: 

1. Endahing geguritan; puisi minangka karya sastra ingkang estetikipun inggil. 

2. Wosing geguritan, wosing minangka mentes, satemah pangripta geguritan kedhah milih tembung kanthi premati. 

3. Lelewaning basa Jawa ingkang sinebat purwakanthi. Kapendhet saking tembung purwa ingkang tegesipun wiwitan lan gandhèng ngambali (mbaleni) swanten, huruf utawi tembung ingkang sampun kasebat ing seratan sadèrèngipun (S. Padmosukotjo, 1961: 99). Leléwaning basa Jawa ingkang kaserat wonten ing geguritan, sinebat purwakanthi. Purwakanthi inggih punika tetembungan ingkang sami swantenipun utawi aksaranipun.

Penutup

Oke mungkin cukup sekian saja pembahasan Ngambis buat kamu tentang pengertian Geguritan, jenis, unsur-unsur, dan syarat lengkap. Materi ini admin ngambis dapatkan dari guru admin sendiri. Semoga bisa membanu kamu mempermudah pemahaman tentang geguritan.

maaci :)